+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 01 Mei 2026 Minggu Paskah IV

Pangentasan 3:1-12; Jabur 31:1-5;15-16; L. Para Rasul 7:1-5; 16-17

LUMAMPAH ING PANGANDEL
“… Sira lungaa saka ing tanahira lan saka ing sanak sedulurira
sarta menyanga ing tanah, kang bakal Suntedahake marang
sira.Panjenenganipun lajeng linggar saking tanahipun …”
(Lelakone Para Rasul 7:3-4)

Kidung Pasamuwan Jawi 106 “Amung Kumandel Iku” mratelakaken bilih
gesangipun para tiyang pitados gumantung saking kapitadosipun dhateng
Gusti. Sikeping gesang makaten ugi dados dhasaring semangatipun greja
ingkang kabereg dening semangat Reformasi: Sola fide (namung karana
iman/kapitadosan/pangandel). Semangat punika estunipun sampun mawujud
wonten ing gesangipun rama Abraham.
Stefanus punika abdinipun Gusti, kiyeng anggenipun nggelaraken Injil.
Temahan dipun rangket lan kinunjara; ing pungkasanipun kasedanan, minangka
martir! (tiyang ingkang nemahi tiwas awit ngugemi kapitadosanipun) Nalikanipun
nembe dipun adili, Sang Stefanus atur paseksi bab pangandel. Stefanus
nyariosaken lelampahanipun rama Abraham. Panjenenganipun tinimbalan
dening Gusti Allah saking tanah leluhuripun, tanpa mengertosi badhe katuntun
dhateng pundi. Timbalan wau namung nerangaken tujuanipun “ing tanah
kang bakal Suntedahake marang sira”. Nadyan boten cetha papan tujuanipun,
ewasemanten Abraham sendika ngestokaken dhawuhing Allah.
Pangandelipun Abraham kadhasaran anggenipun ngugemi prajanji menawi
Allah badhe paring tanah pusaka ing negari manca ngrika lan badhe kathah
tedhak turunipun. Lha kok inggih pitados dhateng dhawuh timbalan kangge
kekesahan tanpa mengertos ceples pundi papan anyar wau! Lah inggih punika
maknaning pitados; Mila kitab Ibrani 11:1 mratelakaken yen “Pracaya iku
dhasaring samubarang kang kita arep-arep lan cihnaning samubarang kang
ora katon”. Inggih krana pangandelipun Abraham ingkang kanthet makaten
wau, Abraham kasebut “ramane wong pracaya”( bapa orang beriman).
Kula lan panjenengan sami sampun pitados salugu dhateng Allah ing
dalem asmanipun Sang Kristus, ta? Pitados tegesipun sumanggem lan
mitayakaken lelampahaning gesang dhumateng Panjenenganipun sang Kristus,
boten mitayakaken gesang ing daya kekiyatan kita piyambak. Mugi Gusti karenan
ing pitados kita lan tansah ngrimat saha ngiyataken pitados kita. Amin |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *