+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 21 April 2026 Minggu Paskah III

Wulang Bebasan 8:32-9:6; Jabur 134; 1 Petrus 2:1-3

KENDEL SAKING TUMINDAK AWON
“menawa kowe nyata wis padha ngrasakake sih-kadarmaning Allah
(1 Petrus 2:3)

“Kok senenge dha ngrasani wong. Yen ngrasani kabecikane ya apik. Ning
yen ngrasani eleke, ya ora apik.” Mekaten pitembungan ingkang asring kita
pireng. Ngrasani solah-tingkah lan piawonipun tiyang sanes saged mbekta
kita dhateng tumindak awon ugi. Pitembungan kita punika saged ngener
dhateng hoaks (pawarta ingkang boten nyata, dipun damel-damel),
nuwuhaken drengki lan srei saha pitenah. Menawi kita ngrasani bab ingkang
sae, saged ugi namung lamis, boten tulus.
Dhateng pasamuwan ingkang sumebar ing Pontus, Galati, Kapadhokia,
Asia Kecil dalah Bitinia rasul Petrus paring pitedah supados pasamuwan
mbirat (tegese ngresiki, mbuwang, nyirnakaken) gesang laminipun, ngrasuk
ing gesang anyar wonten ing Gusti Yesus Kristus. ing jamanipun kaisar Nero
umat Kristen gesang ing salebeting kawontenan ingkang mrihatosaken.
Umat Kristen asring dipun dadosaken kambing hitam, dipun pitenah damel
rerusuh, damel ribut temah lajeng dipun cepengi. Kadosdene nalika kitha
Rum kabesmi ing taun 64, tiyang Kristen ingkang dipun pitenah njalari kitha
Rum punika kabesmi, kamangka punika pandamelipun kaisar Nero.
Kenging punapa dene rasul Petrus paring pitedah ingkang kados
mekaten? Kamangka tiyang Kristen ingkang dados kurban. Punapa wonten
warganing pasamuwan ingkang nate dados anak buah-ipun kaisar Nero?
Kula mboten mangertos, saged kemawon bab punika kedadosan. Punapa
rumiyin tiyang-tiyang punika ugi nindakaken kados mekaten? Kula boten
mangertos. Ingkang cetha rasul Petrus dhawuh supados para pitados sami
mbirat sakathaing piawon. Tembung mbirat punika temtu gegayutan
kaliyan gesang sakderengipun dados tiyang Kristen. Gandheng sampun
dados tiyang Kristen, tiyang ingkang sampun kaparingan sih-kadarman,
kedah gesang ing salebeting sih-kadarman punika. Punika ateges bilih kedah
nilar lan mbucal sedaya ingkang awon ingkang mboten cundhuk kaliyan
karsanipun Allah. Umat Kristen punika kedah gesang kadosdene bayi
ingkang ngombe susu ingkang murni inggih punika sabdanipun Gusti,
ingkang nuntun tumuju dhateng gesang langgeng. Amin. |*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *