Kejadian 18:1-14; Jabur 134; 1 Petrus 1:23-25
SEGAHAN INGKANG MURWAT
“Pangandikane Tamu: Iya tindakna apa kang dadi karepmu!”
(Purwaning Dumadi 18:5)
Sang Yehuwah ngetingal dhateng rama Abraham nalika pinuju
lenggahan wonten ing sacelaking wit tarbantin ing lawanging tarubipun.
Kita boten mangertos kados pundi caranipun utawi punapa ingkan
kedadosan dene nalika rama Abraham ndengengek ingkang dipun sumurupi
priya tiga jumeneng ing sangajengipun. Ugi boten dipun terangaken kados
pundi rama Abraham mangertos bilih ingkang rawuh punika priyantun
penting. Bab punika kacetha anggenipun rama Abraham nyebut bandara
dhateng tamu-tamunipun. Mboten namung punika. Abraham ugi ngaturi
segahan ingkang sae: glepung alus kangge damel roti, mendhet pedhet
ingkang empuk lan becik dagingipun. Sedaya nedya kasegahaken kagem
tamu-tamunipun. Mekaten anggenipun rama Abraham ngaosi tamu-
tamunipun, senadyan mboten mangertos sinten ta tamu-tamunipun
punika. Ingkang cetha, Abraham nganggep wigatos tamu-tamunipun lan
ngaturi segahan ingkang murwat tanpa ngetang pinten reginipun segahan
wau. Ingkang penting malih, bilih para tamunipun karenan dhateng segahan
ingkang badhe dipun aturaken dening rama Abraham.
Gusti Allah sampun maringaken sedayanipun, malah putranipun ontang-
anting kangge kawilujengan kita. Gusti Yesus sampun maringaken
sariranipun kangge kita. Punapa ingkang badhe kita aturaken dhumateng
Panjenenganipun? Punapa ingkang badhe kita aturaken minangka atur
panuwun kita dhumateng Panjenenganipun? Inggih gesang kita
sawetahipun. Kados pundi cara lan wujudipun? Boten sanes inggih srana
suka kawigatosan dhateng tiyang sanes. Migatosaken kabetahanipun
tiyang-tiyang ing sakiwa tengen kita. Abraham mangertos kabetahanimg
para tamunipun. Para tamunipun mbetahaken wekdal kagem ngaso, kendel
sakedhap saking anggenipun mlampah. Mila para tamunipun dipun candhet
supados kersa nampi pasegahan saking rama Abraham. Kita prelu
mangertosi kabetahanipun sesami, lajeng mbudidaya nyekapi punapa
ingkang dipun betahaken punika, kanthi murwat lan miturut kasagedan
kita, tanpa ngetang reginipun pinten. Amin. |*WSMS
