Musthikaning Kidung 5:9-6:3; Jabur 16; I Korinta 15:1-11
KAPARINGAN GESANG
“Amargi Paduka mboten masrahaken kawula dhateng ing teleng
palimengan, Paduka mboten marengaken menawi kekasih Paduka
ngantosa sumerep kluwat”
(Jabur 16:10)
Irah-irahan Jabur 16 punika: Rahayu wong kang mursid. Irah-irahan
punika nelakaken isining Masmur punika, inggih punika rahayonipun tiyang
mursid. Kenging punapa dipun sebut rahayu? Amargi Gusti tansah nunggil,
nyarengi gesangipun, maringi pitedah, dipun gegulang. Panjenenganipun
jumenang ing tengenipun, nedahaken margining gesang (ay.7,8,11). Gusti
Allah tansah migatosaken gesangipun, boten dipun tilar, boten dipun
tegakaken.
Sajakipun Masmur punika dipun serat dening tiyang Lewi ngengeti
pitembungan ing ayat 5: panduman ingkang kaundhekaken, lan tangsul
pangukur ing ayat 6. Suku Lewi mboten pikantuk tanah warisan, Gusti
ingkang dados warisanipun. Gesangipun dipun pitadosaken dhumateng
Panjenenganipun. Punika ingkang dados kabingahanipun, dados
karahayonipun tiyang Lewi.
Juru Masmur mbandhingaken tiyang mursid kaliyan tiyang ingkang
mblasar, ingkang nyembah brahala (ayat 4). Tiyang ingkang nyembah
brahala badhe nandhang sisah, lan kasisahanipun badhe sangsaya ageng.
Tiyang mursid boten tumut-tumut tumindakipun tiyang-tiyang punika,
malah nyebut kemawon inggih boten purun.
Tiyang mursid kaparingan gesang dening Gusti, gesangipun tansah
dipun rimati, boten badhe kapasrahaken dhateng teleng palimengan lan
sumerep kluwat (jugangan, kuburan). Tegesipun, Gusti badhe tansah
ngayomi saking sawernining bilai. Tembung teleng palimengan lan kluwat
punika mbekta kita dhateng papan anggenipun Gusti Yesus kasarekaken
sasampunipun seda sinalib. Gusti Yesus sampun nguwalaken manungsa
saking paukumaning dosa inggih punika pati. Manungsa kaparingan gesang
dening Gusti Yesus. Srana mekaten, kita ingkang sampun kaparingan
gesang, boten kapasrahaken dhateng teleng palimengan lan boten
kasumerepaken kluwat. Kita katimbalan nelaken gesang ingkang sembada
kagem Panjenenganipun. Amin. |*WSMS
