+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 31 Maret 2026 Minggu Palem/Minggu Sangsara

Yesaya 49:1-7; Jabur 71:1-14; 1 Korinta 1:18-31; Yokanan 12:20-36

SAWABING SALIB
“Awit pawarta bab salib iku pancen dadi kabodhoan tumrape wong
kang bakal padha tiwas, nanging kanggo kita kang padha kapitulungan
rahayu, dadi sawab kang saka Gusti Allah.”
(1 Korinta 1:18)

Nalikanipun bandhul salib ing kalung jangga saoncen dilalah ical,
satunggaling pawestri sajak getun lan gela sanget. Getun amargi kirang
setiti lan ngatos-atos anggenipun mangangge kalung. Gela, sanajan sampun
dipadosi, dhatan pinanggih. Napa malih menawi ngengingi punika tandha
tresna lan reginipun inggih pangaji sanget, jer punika emas 24 karat. Mbok
menawi bandhul punika wujudipun boten salib, anggenipun getun lan gela
bobotipun timbang. Jer ingkang digetuni lan digelani sanes salibipun nanging
pinangka lan bahanipun.
Saumpami salib namung dados rerenggan kemawon, lan boten nyawabi
punapa-punapa, punika ingkang dipun wastani kabodhoan. Awit saestunipun
salib punika pratandhaning kasangsaran/bebendu. Sinten tiyang ingkang
kasalib; miturut paugeraning pidana cara Yunani, punika saged dipun wastani
tiyang ingkang kesrakat, kebak dosa lan panerak. Kados para durjana ingkang
sinalib ing sakiwa tengenipun Gusti Yesus. Sinaosa makaten, salib ingkang
minangka pratandhaning kasangsaran lan pejah, wonten ing Sang Kristus
dipun ewahi minangka pirantining sih rahmat lan kawilujengan tumrap
kawula ingkang kapitulungan rahayu.
Awit saking makaten, nalikanipun salib dipun pasang wonten ing greja
punapa dene ing dalemipun tiyang pitados, punika boten ngemungaken jati
diri kemawon ananging pratandhaning raos sumanggem dherek Gusti Yesus
sanajan nglampahi sangsara. Laras kaliyan kidungipun KPJ 275 ingkang nelakaken
“Srana mandeng ing Salib tyang dosa gesang, tinebus sagung dosanira. De
cempene Allah kang sinalib ngrembat, ngesahaken duraka kita”
Satemah nalikanipun gesang kita ngraosaken kasangsaran, sumangga
mandeng salib punika. Jer kasangsaran ingkang karaosaken punika dereng
paja-paja kaliyan kasangsaranipun Gusti ingkang cinampah, kinaniaya lan
ingewan-ewan jalaran sih piwlas lan katresnanipun dhumateng manungsa
dosa. Sanyata, salib nyawabi kawilujengan. |*AJ

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *