+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 25 Februari 2026 Minggu Pra Paskah I

Pangentasan 34:1-9, 27-28; Jabur 32; Mateus 18:10-14

AMPUN NGANTOS ICAL
“Mangkono uga Ramamu kang ana ing swarga
ora ngarsakake ilange bocah iki siji bae”
(Mateus 18:14)

Minangka umat kagunganipun Gusti Allah, kita punika asring mbalela,
asring mlajar, boten purun dipun atur karana rumaos sampun saged milih
margi piyambak. Kanthi mekaten, kita malah dados kesasar lan dhawah
wonten ing pacoben. Sanadyan sampun dhawah, kita ugi asring taksih rumaos
saged uwal saking masalah kanthi kekiyatan kita piyambak. Kasunyatanipun
kekiyatan kita punika dangu-dangu sangsaya suda, lan wusananipun telas.
Kados pundi kita badhe nulungi diri kita piyambak manawi pranyata kita
boten gadhah daya lan panguwaos?
Puji konjuk Gusti, dene Panjenenganipun punika Allah ingkang Mahatresna.
Gusti Allah boten ngersakaken para kagunganipun ical lan kesasar. Kadosdene
pangen ingkang tansah mbudidaya njagi menda-mendanipun, inggih kados
mekaten anggenipun Gustii Allah tansah njagi umat kagunganipun. Nalika
wonten ingkang kesasar ing lampahipun, Sang Pangen punika kepareng madosi
mendanipun. Ingkang dhawah ing jurang, dipun tulungi sinaosa kedah
ngetohaken nyawanipun.
Minangka para mendanipun Gusti, punapa kita tansah ngraos-raosaken
katresnanipun Gusti punika? Saben kita punika kaanggep aji wonten ing
ngarsanipun Gusti. Mila punika kita kaatag tansah gatos-ginatosaken ing
gesang punika. Manawi wonten sadherek ingkang mblasar, ingkang nebih
saking marginipun Gusti. Punika dados kewajiban kita kangge mbudidaya
nulungi sadherek punika supados boten ngantos kesasar lan ical.
Pancen, bab punika boten gampil katindakaken. Ananging pitadosa,
kita punika boten makarya piyambakan, Sang Roh Suci badhe nganthi lan
mitulungi kita nindakaken timbalan punika. |*ERY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *