+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 23 Januari 2026 Minggu Limrah

I Samuel 9:27-10:8; Jabur 27:1-6; Galati 2:1-10

AKU NGANDEL
“Sanyata aku ngandel yen bakal nyumurupi kabecikaning Yehuwah
ana ing bumining wong urip!”
(Jabur 27:13)

Uskup Gereja ing Smirna (sakpunika kasebat Izmir ing Turki) asmanipun
Polikarpus, ingkang gesang ing abad 2. Polikarpus gesang ing satengahing
kawontenan nalika tiyang Kristen ngadhepi panganiaya ingkang awrat.
Nalika semanten Polikarpus ugi kacepeng lan aben ajeng kaliyan ancaman
paniksa lan badhe dipun obong. Piyambakipun kapurih milih, selak dhumateng
Gusti Yesus supados nyawanipun wilujeng punapa kosokwangsulipun.
Polikarpus kukuh ngandika: “Kula sampun ngladosi Gusti ngantos 86 taun,
Panjenenganipun boten nate nindakaken bab ingkang awon dhateng kula.
Kadospundi kula saged nyenyamah Sang Ratuning gesang ingkang sampun
paring kawilujengan dhateng kula?” ngantos dipun pejahi, Polikarpus boten
purun nyelaki Gusti Yesus.
Jabur 27:13 punika ngemot pangakening imanipun Dawud ing satengahing
pameteg lan kawontenaning gesang ingkang tanpa pepesthen. Nalikanipun
ngadhepi mengsah ingkang nguya-uya, pangancam ing kiwa tengenipun.
Dawud boten ajrih, ananging milih tetep pitados dhateng panguwaosipun
Gusti Allah. Kapitadosanipun Dawud boten kalandhesaken saking kawontenan
ingkang tansah ewah, ananging saking keyakinan bilih Gusti ingkang dipun
sembah punika Gusti Allah ingkang setya lan kersa mbabaraken kasaenan. Gusti
Allah punika Allah ingkang kebak ing katresnan, sih palimirma lan asih welas.
Mbokbilih kita asring ngadhepi kawontenan ingkang mekaten ngantos
kita ngraosaken kapeteg lan kecalan ing pangajeng-ajeng. Karana Gusti
karaos dereng kersa mitulungi sedaya perkawis ingkang dipun adhepi.
Namung ayat punika ngengetaken bilih kasaenanipun Gusti Allah boten
namung sesambetan kaliyan raos lan kawontenan ing kiwa tengan,
ananging sambet kaliyan katresnanipun Gusti ingkang boten nate ewah
gingsir. Kita tinimbalan supados tansah pitados dhumateng kasaenanipun
Gusti ing satengahing gesang ingkang awrat lan prihatos. Mbokbilih kita
dereng nampi pangluwaran saking Gusti, ananging iman kita kedah tetep
pitados bilih Gusti mesthi badhe kersa mitulungi. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *