+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 22 Januari 2026 Minggu Limrah

I Samuel 1:1-20; Jabur 27:1-6; Galati 1:11-24

SANADYAN SEDIH TETEP NYUWUN
“Lan kalawan ati kang sedhih Hana nyenyuwun marang Sang Yehuwah,
kambi nangis senggrak-senggruk”
(1 Samuel 1:10)

George Müller (27 September 1805), satunggaling pendeta saking
Inggris ingkang kawentar awit imanipun ingkang ageng ing salebeting
dedonga. Muller ngadegaken panti asuhan ingkang nampung ewonan anak
yatim tanpa nate nyuwun sumbangan sacara langsung dhateng sinten
kemawon. Ing sawijining dinten, nalika kabetahaning tedhan lan dana
sampun mepet, Muller lajeng jengkeng dedonga lan nyuwun dhumateng
Gusti. Boten dangu, tukang roti thothok-thothok maringi roti. Kasusul
wonten tukang susu ingkang ugi dhateng lan maringaken susu, amargi
keretanipun risak celak panti asuhan punika. Kawontenan punika saben-
saben dipunadhepi dening Muller, ananging saben-saben ugi piyambakipun
dedonga lan kumandel dhumateng Gusti Yesus.
Saben tiyang nate ngalami mangsa ingkang rekaos dipun adhepi lan
dipun lampahi, manah rempu lan perih, gesang karaos awrat. Ananging
sanadyan awrat, paseksinipun Hana ing 1 Samuel 1:10 ngengetaken
dhateng kita sedaya, bilih kita kedah ngendelaken Gusti Allah, sumendhe
pasrah kambi nyenyuwun dhateng Gusti kanthi adreng. Temah kanthi
kapitadosan ingkang ageng Gusti kersa nyembadani. Hana rekaos lan sakit
manahipun awit sampun sawetawis wekdal bebrayatan dereng dipun
paringi momongan, punapa malih semahipun, Elkana gadhah semah sanes
ingkang nami Penina. Penina asring nyakiti manahipun, ngece dirinipun
minangka pawestri ingkang gabug. Manahipun sedhih lan prihatos sanget,
sanadyan mekaten Hana boten semplah. Kanthi raos sedhih punika Hana
kesah dhateng Silo, dedonga lan nyuwun dhumateng Sang Yehuwah ing
dalemipun Gusti. Ing ngriku sedaya ingkang karaosaken, kaesokaken
dhateng Gusti. Piyambakipun boten nutupi raos sakiting manah lan mboten
ethok-ethok kiyat, kanthi jujur matur dhumateng Gusti. Tuladha ingkang
mekaten ingkang kedah kita wujudaken ing gesang nalika ngadhepi
praharaning gesang. Senadyan sedih tetep pitados lan nyuwun Gusti,
mesthi Gusti badhe mitulungi lan nyembadani. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *