+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 21 Januari 2026 Minggu Limrah

Yesaya 48:12-21; Jabur 40:6-17; Mateus 9:14-17

AKU DIENTASAKE
“Aku dientasake saka luwenging bilai, lan saka ing bladhering rawa,
sikilku banjur didegake ana ing parang, jangkahku dikukuhake.”
(Jabur 40:3)

Horatio Gates Spafford, punika ingkang nyerat himne “It Is Well with
My Soul” (NKB 195 Kendati Hidupku Tentram). Spafford satunggaling
pengacara ingkang kawentar lan kasil ing kitha Chicago. Ananging ngalami
reribeding gesang ingkang ageng ing gesangipun. Ingkang sepisan
kelampahan ing taun 1871, nalika rajabrananipun telas awit katut kobong
ing kitha Chicago. Ingkang kaping kalih, ing tahun 1873, sekawan anakipun
estri kleleb ing seganten awit kacilakan kapal nalika badhe layar pinuju
benua Eropa. Begjanipun, garwanipun wilujeng, saengga Spafford saged
nusul lan manggihi garwanipun. Ing tengah-tengahing lampahing kapal
ingkang dipuntumpangi lan ing pundi anak-anakipun sami tilar, Horatio
nyerat seratan ingkang kawentar dados lagu rohani punika “When peace
like a river, attendeth my way…”
Manahipun Spafford rempu, luhipun dleweran ing pipinipun, ananging
saged nampi kasunyatan ingkang pait, awit panglipuripun Gusti langkung
ageng katimbang raosing manahipun ingkang sungkawa. Malah saking
kawontenan ingkang mrihatosaken, Gusti maringi “nyanyian enggal” ing
manahipun, ingkang ing tembenipun lagu punika dados berkah kangge
tiyang kathah kalebet kula lan panjenengan.
Sinten tiyang ingkang gesang, ingkang mboten ngadhepi kaprihatosan
lan kasangsaran? Sedaya manungsa ing jagad punika mesthi nggadhahi
panandhang, sanadyan bobotipun benten-benten. Ananging ingkang
baken, nalika ngadhepi kasangsaran ingkang awrat, kita kedah tetep
mbudidaya ngraos-raosaken sepinten agenging sih kanugrahanipun Gusti
ing gesang kita. Kadosdene ingkang kaserat dening Juru Masmur “Aku
dientasake saka luwenging bilai, lan saka ing bladhering rawa, sikilku banjur
didegake ana ing parang, jangkahku dikukuhake” Punika paseksinipun
prabu Dawud ingkang tansah karimat lan kalipur dening Gusti. Semanten
ugi kita sedaya ingkang nembe ngraosaken panandhang, Gusti mesthi badhe
mitulungi lan paring kekiyatan ing gesang sauger kita tansah pitados. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *