+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 20 Januari 2026 Minggu Limrah

Yesaya 53:1-12; Jabur 40:6-17; Ibrani 10:1-4

GUSTI SAMPUN NANGGEL
“Mangka sanyatane lelara kita kang disanggi lan kasangsaran kita kang
dirembat, ewasemono kita padha ngira Panjenengane iku kena ing ipat-
ipat, kagebag tuwin katindhes dening Gusti Allah”
(Yesaya 53:4)

Corrie ten Boom punika satunggaling pawestri Kristen saking negari
Walandi (15 April 1892) ingkang ngalami kasangsaran ageng nalika kinunjara
ing kamp konsentrasiNazi jaman Perang Dunia II. Sesarengan kaliyan brayatipun,
Corrie karangket awit sampun ndhelikaken tiyang-tiyang Yahudi saking
panguya-uyanipun prajurit Nazi.
Ing Kamp punika, piyambakipun asring ngraosaken keluwen, katindhes
lan panganiyaya. Ing kamp punika ugi, piyambakipun kecalan mbakyunipun
ingkang dipuntresnani nami Betsie. Ananging sakderengipun Betsie tilar
donya, taksih saged paring piweling dhateng Corrie “Ora ana jogangan kang
jero nganti sih katresnanipun Gusti ora bisa jangkung”. Piweling punika
maringii kekiyatan dhateng Corrie ten Boom.
Nalikanipun Corrie ten Boom ngadhepi kawontenan ingkang awrat,
piyambakipun manggihaken agenging panglipur saking Sang Kristus. Piyambakipun
ngrumaosi bilih namung Gusti Yesus ingkang kuwaos paring kekiyatan lan
mitulungi ing salebeting manggul sesakit lan ajrih ingkang karaosaken.
Malah saksampunipun Corrie ten Boom luwar saking pakunjaran punika,
piyambakipun kasagedaken paring pangapunten dhateng para prajurit
ingkang nate nganiaya piyambakipun lan brayatipun.
Cariyos bab lelampahanipun Corrie ten Boom punika nedahaken
kayekten saking kitab Yesaya 53:4. Nabi Yesaya paring pameca bilih Sang Mesih
badhe nanggel kasangsaranipun lan pisakitipun manungsa. Lan punika saestu
kebabar. Gusti Yesus boten namung nanggel saben dosa kita ing kajeng
salib, ananging ugi kersa nanggel saben tatu, kasedhihan lan raos sakit kita.
Nalikanipun Gusti Yesus sinalib, Panjenenganipun nanggel saben kasangsaran
kita supados kita nampi pangluwaran saking kasangsaran ingkang sejatosipun
kita sanggi. Minangka umatipun Gusti, kita mesthi badhe nampi kasangsaran
awit pitados kita dhateng Gusti. Ananging menawi kita tansah kukuh lan ngedalaken
wohing kapitadosan kita, Gusti badhe tansah ngiyataken gesang lan
pagesangan kita. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *