I Samuel 25:23-35; Jabur 57; Yakobus 5:7-12
TRESNA DAMEL SABAR
“Kang iku para sadulur, padha disabar nganti tumeka rawuhe Gusti”
(Yakobus 5:7a)
Trisno jengkel. Kudune dheweke wis dolanan neng lapangan karo kanca-kancane, nanging malah asah-asah neng dhapur. Piring lan gelas sing uwis rampung dibilasi banjur diglethakake rada kasar. Mireng swara glodhagan neng mburi, bu Minal gageyan marani anake. “Tris, ora prelu kaya ngono. Nek temen mbok lakoni mbaka siji, kabeh mesthi bakal rampung. Kowe selak arep dolan, to?” pitakonane bu Minal marang Trisno. Sing ditakoni ora semaur, lambene njegadul. “Yen dilakoni kanthi tresna, ati dadi sabar ngadhepi samubarang kabeh.” Sambunge bu Minal karo ndangu: “Lha kowe tresna marang ibu apa ora?”
Sang Dawud ingkang jengkel mimpin tiyang-tiyangipun nyengkelit gaman kangge ngukum Nabal. Nanging ing saktengahing margi, rombongan punika pinanggih kaliyan Abigail ingkang mbekta atur-atur supados Sang Dawud purun paring pangapunten dhateng Nabal, garwanipun. Pirsa kawicaksananipun Abigail, Sang Dawud lilih penggalihipun. Piyambakipun ngrumaosi bilih menawi kaereh dening hawa-nepsu, temtu badhe nindakaken bab ingkang cengkah kaliyan karsaning Allah. Mila Bapa Yakobus ngemutaken supados pasamuwanipun Gusti sami sabar kados dene para nabi ingkang nandhang sangsara nalika medhar pangandikaning Allah. Menawi boten saged sabar, pasamuwan badhe gampil nggresah lan dakwa-dinakwa. Tumindak ingkang mekaten punika boten damel renaning penggalihing Allah saktemah ndhatengaken paukuman.
Tiyang ingkang boten sabar kecalan nalar saktemah boten mengggalihaken rumiyin bab ingkang badhe katindakaken lan kaucapaken saktemah tundhanipun tumindak saha pocapanipun saged ngrisak sesambetanipun kaliyan sesami lan damel prekawis sangsaya kados bolah ruwed. Dene ingkang saged tiyang dados sabar punika namung katresnan. Awit tresna dhateng Gusti Allah, Sang Dawud njagi tumindakipun lan para nabi tetep temen medhar pangandikanipun Allah sinaosa nandhang sangsara saktemah gesang lan peladosanipun dados berkah tumrap tiyang kathah. |*GPY
