Yehezkiel 7:1-9; Jabur 90:1-8, 12; Wahyu 16:8-21
LARAS LAN CUNDHUK KALIYAN PANERAK
”Saiki wus tumeka ing wekasanira lan Ingsun bakal ngesokake
bebenduning-Sun marang sira, lan sira bakal Sun-adili laras kalawan
panggawenira sarta
Ingsun bakal males marang sakehing tumindakira kang nistha.”
(Yehezkiel 7:3)
Ing Jabur 103:8-10 dipun ngendikakaken, “Pangeran Yehuwah iku ambek
welasan lan ambek asih, gedhe sabare lan luber sih-susetyane; ora tansah
ndedukani, anggone duka ora ing salawase. Kang katandukake marang kita
ora timbang karo dosa kita, anggone paring piwales marang kita ora ing
sabobote kaluputan kita.” Sipatipun Gusti Allah pancen mekaten. Ananging
gambaran kados mekaten kalawau boten kita panggihaken wonten ing Kitab
Yeheziel 7. Malah wongsal-wangsul Gusti nelakaken badhe ngesokaken
bebendunipun ingkang laras utawi cundhuk kaliyan dosa-dosanipun Israel
(ay. 3, 4, 8, 9, 27). Tembung “laras” lan “cundhuk” punika wongsal wangsul
dipun tandhesaken, ateges wonten wekdalipun Gusti Allah saestu badhe
nindakaken prekawis punika lan paukuman punika boten saged dipun
endhani malih.
Menawi Gusti paring paukuman dhateng kita laras lan cundhuk kaliyan
panerak kita, tamtu kita boten kuwagang. Bebendunipun Allah (Wahyu
16:1-21) kagambaraken kaliyan bokor cacah pitu ingkang kasuntak ing bumi
(ay 1,2), ing sagara (ay 3), ing kalen-kalen lan tuking toya (ay 4), ing srengenge
(ay 8), ing dhampare si kewan (ay 10), ing bengawan Efrat (ay 12) lan ing
awang-awang (ay 17). Pramila sakderengipun “dinten ingkang nggegirisi”
menika dhatengi kita, prayogi kita nyuwun pangapunten lan nyuwun
kawelasan dhateng Gusti supados Panjenenganipun nresnani kita lan boten
nindakaken paukuman ingkang laras lan cundhuk kaliyan kalepatan kita.
Sauger kita purun mratobat kanthi tumemen, tamtu Gusti kepareng mbabaraken
sipatipun ingkang ambek welasan, ageng sabaripun lan luber sih-susetyanipun.
Sumangga sami nglampahi gesang menika kanthi manah ingkang wicaksana
(Jabur 90:12). Ananging menawi kita sami mangkotaken manah, saged
kemawon Gusti nggembleng kita kanthi paukuman ingkang laras lan cundhuk
kaliyan dosa-dosa kita. Mugi Gusti mberkahi kita sedaya. Amin.|*SAR
