+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 12 November 2026 Minggu Limrah

Yehezkiel 6:1-14; Jabur 90:1-8, 12; Wahyu 16:1-7

GUNUNG-GUNUNG ISRAEL
“Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang gunung-gunung
lan tengger-tengger, marang jurang-jurang lan lebak-lebak: Lah Ingsun
bakal ndhatengake perang marang sira sarta Ingsun bakal ngrusak
tengger-tengger panggonanira saos kurban.”
(Yehezkiel 6:3)

Ing kitab Yehezkiel bab 6 menika, Gusti Allah mboten nyebat Israel
kanthi sebatan umat. Sebatan umat limrahipun nggambaraken sesambetan
ingkang raket antawisipun Israel kaliyan Gusti Allah. Boten ugi dipun sebat
bangsa, ananging gunung-gunung Israel. Menika nedahaken bilih ing
gunung-gunung lan tengger-tengger menika Israel nyingkur saking Gusti
Allah lan sampun memuja dhateng allah asing (ay 6). Ing gunung menapa
dene tengger menika, Israel tumindak sedheng kaliyan Baal lan ing gunung
menika ugi Israel badhe dipun tumpes dening Gusti.
Tamtu praktek pamujan tumrap brahala ing jaman modern samangke
benten kaliyan praktek ingkang dipun lampahi dening Israel, boten kantindakaken
ing gunung utawi tengger, ananing nengenaken bab kadonyan menika
tinimbang kaliyan Gusti. Contonipun materialisme (nengenaken materi) lan
hedonisme (nguja kasenenganipun piyambak, gesang ing kamewahan).
Kasugihan, kamewahan, arta lan kanikmatan ing donya saestu asring dados
brahala ing jaman samangke. Ingkang mrihatosaken, kathah tiyang sami
nebih saking Gusti.
Lumantar pangandika dinten menika, cetha sanget bilih Gusti badhe
njugrugaken tengger-tengger pangurbanan saos sokur ing pundi kita nindakaken
pamujan dhateng brahala. Tegesipun, menapa ingkang kita dadosaken brahala
ing gesang kita, menika ingkang badhe dipun tumpes. Menawi arta, pedamelan,
kasugihan punika dados brahala ing gesang kita, saged kemawon Gusti
mendhet sedaya kalawau, supados kita sadhar bilih kita sampun nyimpang
saking marginipun Gusti. Sakderengipun Gusti ngayataken astanipun (Yeh
6:14) lan ngetingalaken dukanipun (Wahyu 16:1) prayogi kita sami ngakeni
dosa kita, mratobat dhumateng Gusti. Pramila Gusti ingkang setya lan adil
menika badhe paring pangaksami lan nyucekaken gesang kita.|*SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *