+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 7 April 2026 Minggu Paskah I

Pangentasan 15:1-18; Jabur 118:1-2, 14-24; Kolose 3:12-17

KATRESNAN: NGESUHI LAN NYAMPURNAKAKEN
“Lan kang ngungkuli sakabehe iku: nindakna katresnan,
iku kang ngesuhi lan nyampurnakake”
(Kolose 3:14)

Asih welas, kaloman, andhap asor, alusing bebuden ing ayat 12
sinebat: sandhangan. Ateges kedah tansah dipun agem, kedah tansah
tumempel ing badan kita. Awit preluning sandhangan punika kangge nutupi
badan, mekaten ugi asih welas, kaloman, andhap asor, alusing bebuden.
Tanpa sandhangan punika, kita badhe lingsem. Jer punika sandhanganipun
tiyang Kristen ingkang sampun dados pepilihanipun Gusti Allah, sampun
kasucekakan lan kinasihan dening Gusti. Ing dinten riyaya Kristen lan
dinten-dinten sanesipun, kita dadosa secara pribadi punapa-dene minangka
pasamuwan ngawontenakan kegiatan sosial arupi: ngedum sembako,
pakaian pantas pakai, pemeriksaan kesehatan lan sanesipun. Temtu punika
sae lan prelu katindakaken, awit taksih kathah warganing masarakat
ingkang mbetahaken. Nidakaken bab-bab punika kadya ngangge
sandhangan. Sandhangan ingkang nelakaken jati dhiri anggenipun sampun
kaparingan kawilujengan lan dados umat pilihanipun Gusti.
Ewa-semanten, wonten bab ingkang prelu tansah kita gatosaken ing
salebeting nindakaken kegiatan punika, inggih punika: punapa ingkang
dados landhesan anggen kita nindakaken bab punika? Landhesanipun:
kalimrahan, program, ragad, niru kelompok sanes, punapa sanesipun?
Kolose 3:14 nelakaken bilih ingkang ngungkuli sedaya punika: katresnan.
Katresnan ingkang ngesuhi lan nyampurnakaken. Dados, landhesanipun
sedaya pandamel kita boten wonten sanes kejawi katresnan. Kita saged
kemawon nindakaken bab ingkang ngedab-edabi, ingkang mbingahaken
tiyang kathah, ingkang dipun alembana dening tiyang kathah, ingkang dipun
ajeng-ajeng tiyang kathah. Ananging anggen kita nindakaken tanpa
kalandhesan katresnan punika boten badhe maedahi. Saged ugi malah
nuwuhaken padudon, regejegan lan sanesipun. Katresnan punika ingkang
ngesuhi lan nyampurnakaken. Saben tumindak tentu wonten cacatipun lan
kekirangipun, ananging katresnan badhe nyampurnakaken lan ngesuhi,
temah padudon, regejegan saged dipun atasi. Amin. |*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *