+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 31 Januari 2026 Minggu Limrah

Mikha 3:1-4; Jabur 15; Yokanan 13:31-35

PEPAKON ANYAR
“Kowe padha Dakwenehi pepakon anyar, iya iku supaya kowe
padha tresna-tinresnanana: dikaya anggonKu wus tresna marang kowe,
kowe iya padha tresna-tinresnanana uga.”
(Yokanan 13:34)

Mother Teresa (1910–1997), satunggaling biarawati ingkang misungsungaken
gesangipun kangge nggatosaken para tiyang mlarat lan ingkang ketriwal ing
kitha Kalkuta, India. Mother Teresa boten namung maringi tedha lan obat-
obatan dhateng tiyang-tiyang ingkang sakit, ananging ugi nggatosaken
kanthi katresnan lan raos urmat. Saben wekdal, piyambakipun ugi ngrimati
tiyang-tyang ingkang kesrakat, maringi panglipur lan kekiyatan dhateng
tiyang-tiyang ing pungkasaning gesangipun. Nalika piyambakipun
dipuntakeni, Mother Teresa paring wangsulan “Aku nyawang pasuryane
Sang Kristus ing dirinipun tiyang-tiyang punika”. Dhawuhipun Gusti ing Kitab
Injil Yokanan 13:34 kanthi cetha nelakaken “… iya iku supaya kowe padha
tresna-tinresnanana: dikaya anggonKu wus tresna marang kowe, kowe iya
padha tresna-tinresnanana uga.”
Dhawuh punika mbereg supados kita sami saged nglairaken katresnan,
sami gesang tresna-tinresnan kadosdene Gusti Yesus ingkang sampun
nglairaken katresnan dhateng kita. Katresnan ingkang sampun kaparingaken
dening Gusti Yesus punika katresnan ingkang lila ngurbanaken diri, kebak
ing pangapunten lan tanpa syarat werni-werni. Temtu perkawis punika
mbetahaken pambudidaya ingkang ageng, boten namug nalika kita saged
nglairaken katresnan, ananging langkung rumiyin ngraosaken semanten
agenging katresnanipun Gusti Yesus dhateng kita. Manawi kita dereng
saged ngraosaken agenging katresnanipun Gusti dhateng kita, mokal kita
saged nglairaken katresnan dhateng sesami.
Katresnan ingkang sampun kawulangaken lan katedahaken dening
Gusti Yesus punika nglangkungi punapa kemawon lan tanpa winates. Nglangkungi
katresnanipun jagad, nglangkungi winatesing panampi lan tumindak kita.
Nglangkungi winatesing pangertosan kita nalika nyawang sesami. Panjenenganipun
ngersakaken kita saged mujudaken katresnan ingkang sampun kebabar ing
Gusti Yesus, supados saged kebabar dhateng sesami ngantos Gusti Yesus
rawuh malih ingkang kaping kalihipun. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *