+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 3 Desember 2025 Minggu Adven I

Yesaya 54:1-10; Jabur 124; Mateus 24:23-35

DATAN OWAH GINGSIR

“Sebab senadyan gunung-gunung padha ngalih lan tengger-tengger pada gonjing, nanging sih susetyaningSun ora bakal ngalih saka ing sira. Tuwin prajanjian karukunan peparingingSun ora bakal owah gingsir, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, kang paring sih palimirma marang sira”

(Yesaya 54: 10)

Ibu Mawar (30 taun) punika padamelanipun sadean bakwan kawi ing papan pariwisata ingkang kawentar. Sinaosa mboten tamtu kasilipun, awit gumantung kaliyan kathah botenipun tiyang ingkang sami kesah dateng papan punika, ananging tetep dipun tlatosi kangge ngudi cekaping kabethaning gesang. Menawi pas rame, sadeanipun saged laris lan telas, ananging menawi keleresan pas boten dinten libur, dagangan punika taksih tirah kathah.

Cariyos ing ngginggil ngetingalaken bilih kawontenaning gesang punika boten gumathok. Rejeki utawi berkahipun ibu Mawar punika boten ajeg, boten mesthi. Kadangkala kathah, kadhang kala sekedik. Kasunyataning gesang ingkang kita adhepi punika ugi kados mekaten. Kadhangkala rumaos linuberan berkah ananging kadhangkala ugi ngraosaken kacingkrangan. Raos bingah lan sisah punika sampun dados sandhanganing gesang kita.

Waosan kita wekdal punika, nyariosaken babagan kasetyanipun Gusti Allah ingkang langgeng lan boten owah gingsir. Sinaosa gunung lan tengger punika saged sami pindah papanipun, satunggaling kawontenan ingkang nggegirisi lan saestu damel ajrih, ananging kasetyanipun Allah punika boten nate ewah, nadyan jagad punika ewah gingsir.

Sinaosa kawontenaning gesang punika mboten ajeg, asring nemahi ewah-ewahan, temtu kita ugi sarujuk kaliyan paseksinipun Nabi Yesaya ingkang ugi ngraosaken bilih pangrengkuhipun Allah dhateng manungsa punika ajeg utawi datan ewah gingsir ing sadhengah papan lan kawontenan. Sumangga perkawis punika karaosna kanthi wening. |*YS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *