+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 2 Desember 2025 Minggu Adven I

Purwaning Dumadi 9;1-17; Jabur 124; Ibrani 11:32-40

PRASETYANIPUN GUSTI

“Ingsun nganakake prasetyaningSun karo sira,yen sabanjure bakal ora kelakon maneh makhluk kang urip katumpes dening banjir, lan bakal ora ana banjir gedhe maneh kang nyirnakake bumi” (Purwaning Dumadi 9:11)

Kangge kita ingkang remen mireng langgam campursari, mesthi mangertos tembang kanthi irah-irahan “Lali Janjine”, ingkang karipta dening S. Harsono tahun 2021. Tembang punika saestu dadosaken kita mangertos bab wigatosing netepi janji.  Cakepan langgam punika nyariosaken babagan pasangan ingkang sampun sami sarujuk badhe kesah dateng Tawangmangu ing dinten Minggu. Namung kasunyatanipun salah setunggaling pasangan punika kesupen dhateng janjinipun. Menawi dipun telpon malah HP-ipun dipun pateni. Saking cariyos kala wau nedahaken bilih manungsa punika kadangkala kesupen dhateng janjinipun utawi kanthi sengaja nglirwakaken janji.

Waosan kita wanci punika nyariosaken babagan prasetyanipun Gusti Allah ing jaman Nabi Nuh. Jagad kaukum dening Gusti lumantar bena ageng ingkang dangunipun sekawan dasa dinten. Sedaya titah ing jagad sirna kejawi Nuh sabrayat lan sedaya ingkang lumebet ing baitanipun Nuh. Kanthi pratandha kluwung ing akasa, Gusti Allah prasetya dhateng Nuh, bilih jagad boten badhe kaukum malih kados dene jamanipun. Prasetyanipun Gusti punika langgeng ngantos samangke, katitik menawi bibar jawah asring kita ningali kluwung ingkang nedahaken janjinipun Gusti.

Prasetyanipun Gusti kaliyan janjinipun manungsa punika boten sami. Menawi prasetyanipun Gusti Allah  mesthi dipun tetepi ananging janjinipun manungsa asring dipun blenjani. Janji bab rawuhipun Gusti Yesus sampun kaweca lumantar para nabi ing Prajanjian lami lan samangke ugi sampun maujud wonten ing Sang Kristus Yesus. Hambok bilih wonten ing salebting gesang kita, kita nate janji dhateng sesami kita, sae punika tiyag sepuh kita utawi lare-lare kita lan dereng saged netepi janji kala wau, prayogi kita mulad sarira lan nata gesang kita, supados ing tembe saged netepi janji kanthi prayogi. Punapa malih janji badhe setya tuhu dhateng Gusti, mbangun miturut lan lulut dhateng Gusti,  mugi sageda kasembadan lan kalampahan wonten ing satengahing gesang kita. |*YS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *